Omah Jawa


Jawa tengah mujudake  salah sawiji saka limang provinsi ing pulo jawa .Biyene, ing provinsi iki madeg kraton - kraton lan kadipaten-kadipaten kang kaloka saindenge Nusantara,kayata karayon surakarta Hadinibgrat kang isih mager-mager nganti saiki. Kajaba iku uga katamokake kadioaten Mangkunegaran,Kadipaten Pajang,Kadipaten Demak Bintara,Kadipaten Semarang ,lan liya-liyane.

A. Maca lan nanggapi teks dheskripsi ngenani omah jawa.
Teks dheskripsi,yaiku teks kanh digunakake kanggi njlentrehake samubarang kanthi nerangke ciri ciri kang katon. Sanubarang kasebut bisa wujud manungsa,kewan,barang,utawa panggonan  Ing kalodhangan iki arel ngrembug babagan omang adate wong jawa.kanthi mengkono ,teks deskripsi babagan omah jawa iki mesthine bisa njlentrehake ciri-ciri utawa tandha-tandha kang bisa di deleng ngenani omah jawa.

B. Nemokake tuntunaan sajrone teks dheskripsi “ omah jawa lan” nyocogage karo kahanan jaman saiki.
          Omah adate wong jawa iku sajatine akeh jinise, kayata  joglo,limasan,dara gepak ,kampung, tanjungan,lan liya liyane .Ewa semono bebarayan ngertine omah adat jawa iku joglo. 
           Omah adat jawa dadi telung kebageyan.perangan ngrep jenenge pendhapa,perangantengah jenenge pringgitan,lan perangan mburi jenge adem ageng. Wagunga telunh perangan iku duwe ciri lan makna filosofi dhewe-dhewe.
            Pendhapa iku wangunane bladhahan (bukakan), ora nganggo tutup ,diapit omah-omahan cilik kiwa lan tengen kang diarani pangrawit lan tanjuk mangkurat. Gunane kanggo nampa dhayoh (tamu) lan kangho dolanan bocah-bocah,.Makane wong urep kui kudu seneng srawong karo wong liya kiwatengen ne . 

C. Bedhah perangane teks dheskripsi.
Ing ngarep wis diteranggake menawa teks dheskripsi iku digunake kanggo njlenterhake samubarang kanthi nerangke ciri-ciri kang katon. Banjur titikane apa teks kasebut ? Titikane teks dheskripsi yaiku tatanane (struktur) ana katrangan bab kang didheskripsekake lan perangan kang didheskripsekake. 

Sumber : Gegaran Nyinau Basa jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA

Komentar

Postingan Populer