Pawarta

Pawarta ing jaman iki dadi kebutuhan kang ora bisa diendhahake dening bebrayan. Pawarta kui kabar kang disebarke supaya dingerteni dening wong liyo utawa wong akeh. Pawarta kang nggunakake media cethak umpamane ariwati utawa koran,kalawati utawa majalah,buletin lan sapanunggale.
  • Cara Maca Pawarta :
1.     Nggatekake aksara vokal pinapa konsonan.
2.     Lagu ukara inggih punika gegayutan kaliyan andhap inggiling swara.
3.     Kawijangan pocapan inggih punika gamblang dipun mirengaken saha leres tumraping pangagem basa.
4.     Padhelengen netra sesaged tajem mawas prabawa,kanthi pandulu jejeg.
5.     Sikap maos kaudia ingkang santun miwah leres.
  • Tujuan,5W+1H :
1.     What (apa),ateges masalah utawa bab kang didadekake pawarta.
2.     When (kapan),ateges wektu prastawa kadadean.
3.     Where (ing ngendi),ateges papan panggonan kadadean prastawa.
4.     Who (sapa),ateges paraga kang nindakake prastawa mau.
5.     Why (kenangapa),ateges sebab e prastawa kadadean mau.
6.     How (kepriye),ateges proses kadadean prastawa.
  • Perangane Pawarta (Struktur) :
1.     Irah-irahan Pawarta utawa Judul Berita :
-      Nggambarake isine pawarta.
-      Kudu bisa ndudut kawigaten (manfaat).
2.     Alinea Pembuka :
-      Kudu bisa ndudut kawigaten pawaca.
-      Menehi informasi kang penting ing pawarta.
-      Bisa nggawe pawaca mlebu ing perangan isi pawarta.

3.     Awak Pawarta :
-      Ana 5W+1H Apa,Sapa,Ing ngendi,Dhek kapan,Genea,Kepriye.
4.     Penutup Pawarta :
-      Ringkasan pawarta.
-      Dudutan soko awak pawarta.
-      Ngarahake pawaca ing perkara kang ora dikiro-kiro.


Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer