Cerita Cekak
Cerkak iku cekakan saka crita cekak.Diarani crita cerkak amarga critane pancen cekak. Ora mung marga wujude kang cerkak (2-5 kaca ), nanging crita utawa lakon kang diandharake ya cekak. Umume wektu kang dibutuhke kanggo maca cerkak iku mung sedhela wae .
A. Maca lan ngadapi isine teks crita cerkak lan niteni perangan-perangane.
Crita cerkak iku karanggan utawa riptan kang sumbere bisa saka kanyatan trus di bumboni,bisa uga mirni seka kayalan utawa pangripta/pengarane wae .
Perangan kang mbagun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik ,kang nyakup =
• Prekoro (Tema)
• Paraga (tokoh)
• Watak paraga (penokohan)
• Lakune crita (alur/pot)
• Pangripta anggone nyritake (point of view)
• Papan kedadean crita (setting)
• Wulangan (amanat)
B. Nemokake tuntunan kang dhikandut ing teks crita cerkak lan njumbuhake karo kahanan bebrayan.
Amanat iku wujude gagasan utawa gagasan pangripta kang diajap bisa ditemoake dening para kang maca. Amanat -amanat iku biasane gegayutan karo niyat utawa pitutur becik,upamane bab katresnan kalebu tresna marang sesamane,tresna bangsa,tresna budaya, lan sapunggale
C. Nulis sinopsis crita cerkak nggunake ragam basa kang jumbuh/cocog karo konteks lan pranatan.
Sinopsis iku ringkasane isine crita ,kalebu crita cerkak. Urutan lan basane sinopsis ora kudu padha karo basa ing crita. Sing baku,nalika nulis sinopsis paraga,watak,wose(intine)crita ora ana beda karo sumbere,yaiku sinopsis.
D. Naliti sinopsis crita cerkak gegayutan karo jumbuhe karo konteks lan pranatan.
Naliti sinopsis ing kene mengku karep, kanca padha kanca (semeja umpamane) padha bebarengan bijen-bijenan (saling menilai) sinopsis garapane . Kegiayatan kaya nhene iki umpamane diarani njlimeti utawa menyunting . Ing kegiyatan iki kang dijlimeti bisa aksarane,rutute ukara,utawa tandha wacane .
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa kelas X SMA/SMK/MA.
Saiki wes pinter, wes ora ngompolannI
BalasHapus